Thursday, May 31, 2012

Cerkak - Sukses Lantaran Gabah lan Endhog


Sukses Lantaran Gabah lan Endhog


            Kekarepanku mung sepele, aku mung pengen dadi wong sukses banjur bisa mbiyantu lan nggawe seneng bapak ibu. Aku reti kepiye rekasane bapak ibu golek duit dinggo nyekolahke aku, lan mbakyu loroku. Raketan, saiki sek diragati mung gari aku lan mbakku nomer loro sing ijih sekolah nang IKIP Malang, mbak Riya. Uwis wisuda mbakku sek nomer siji, mbak affah sing wis melu bojone nang Riau lan wis dadi PNS. Nanging tetep wae, bapak ibu iseh krenggosan anggone golek duit. Lha piye meneh. Bapak ibu nduwei pangajab supaya bisa ngekolahke anak-anake tekan dhuwur.
            Bapak diewangi ibu saben sore golek suket dinggo pakan sapi, ora mung kuwi, ibuku yo nggawe endhog asin kanggo nambah mbayar SPP lan dingo tuku jangan. Nek ora disambi nggawe endhog asin, ora bakal kecukupan urip iki, iku pikire ibuku.
***
            “Dik… Dik… reneo, ngewangi ngentas gabah. Selak udan iki, mbak Riya sisan digugah!” aloke ibu sero kadi latare tanggaku. Aku gemragap tangi, raketan awakku iseh lungkrah, lagi wae seren sedilit. Seko esok tekan awan iki, aku lan mbakku  ngumbah endhog bebek sing cacahe 300 endhog, arep diasinke. “Nggih buk.. sekedap,” saurku.
            “Mbak, tangi! dikon ibu ngewangi ngentas gabah, mendunge peteng dedet. Pak tua kayake yo iseh nang tegalan, bapak iseh nang ngarit.”alokku sambi ngobahke awakke mbakku.
            “Kowe wae yo dek sing ngewangi, awakku masuk angin kayake iki, sek esok nang banyu terus”wangsulane mbakku sambi nggocek bathuke.
            ”Yo karepmu mbak..”Aku langsung mlayu nang pawon golek capil lan serok dinggo ngentasi gabah. Nang papan tepak pendapa nggone tanggaku sing dinggo mepe gabah, ibuku wis ngukut ngentasi gabah dewe, wedi ndak gabahe selak kudanan.
            “Jupukke sliri gedhe nang pawon dik, nang nduwur kandang pithik.”
            “Kayake pun mboten wonten sliri buk ten riko.”
            “Yo di tileki sikek, gek ayo cepet.”
            “Nggih. . .”
            Aku mlayu meneh nang pawon golek sliri, nemu sliri gedhe loro nang nduwur kandang pithik. Banjur mlayu meneh nang nggone ibu.
            “Niki buk..”sambi ngulungke sliri.
            “Yo ayo gek dientasi, mah mung mbejejer wae.”
            Kaya ngene yen ibu wis kemrungsung, gaweane pengen nesu. Aku yo mung meneng wae, ora semaur. Aku kelingan pesene mbah affah,
”Dik, nek ibu lagi nyeneni kowe, kowe ki aja wangsulan, ibu ki wis rekasa nggolekke duit nggo nyekolahke kowe, aja senengane mbantah.” amerga kuwi, aku wis ora tau mbantah yen diseneni ibu.
            Ora krasa, le ngentasi gabah wis rampung, mung gari ngenteni bapakku njunjung gabah mau banjur dieyupke nang emperan ngomah. Seko masjid cerak omahku wis krungu adzan ‘asar. Kaya biasane aku langsung nang pawon, mesusi beras, lan nggodog bayu dinggo gawe wedhang. Mbak Riya lagi wae njedul nang pawon. Langsung nyepakke pakan nggo pithik, bebek, lan menthok. Ora keletan suwe, ingon-ingone mbakku wis do nyepak kabeh. Banjur dilebokke ro mbakku.
***
            Kadi adoh, wis krungu suara motore bapak sing edek-edek. Bapak nggawa suket rong sliri kebak dinggo pakan sapi loro sek dikandangke nang buri omahe pak tua. Ijeh kelingan aku kepiye mbiyen usahane tuku motor kae. Arepo udu motor anyar gris seko deler, nanging aku wis seneng banget duwe motor Astrea kae. Motor tahun 1994’an kae le tuku pas aku kelas enem SD, Mbak Riya SMA, lan Mbak Affah kuliah. Aku lan mbakyu loroku ngomong karo ibu yen pengen duwe motor, supaya bisa dingo sambung rena-rene. Ibu banjur ngendika marang bapak,
“Pak, mbok usaha tuku motor, raketan ora anyar sek penting iso nggo sambung. Mosok sanak sedulur, tangga-tangga wis pada duwe motor luweh seko siji, awake dewe siji wae ora duwe.”
            Bapak mung meneng wae. Paling lagi miker kepriye carane bisa tuku motor yen nek dinggo mbayar sekolah wae mung ngandalke panenan gabah enem sasi pisan sing hasile ora sepira. Akhire pas kae, bapak rembugan karo mas Caryo pesen motor second’nan.
            Yen dipikir-pikir, uripe keluargaku pancen rekasa tenan. Arepo bapak wis dadi buruh tani, buruh suket, lan ngingu sapi sing bathine ora akeh. Sapi siji yen diingu enem sasi mung entuk bathi paling menthog telung juta. Yen dibandingke karo PNS sing saben wulan entuk bathi lan tunjangan werna-werna. Apa meneh yen dibandingke karo DPR, MPR, utawa pegawe pajek sing senengane mangan duite wong cilik. Sok-sok aku mikir, kapan yo uripku bisa mulya kaya wong-wong kae.
***
“Dik, aja lali ngerep lompong nggo campuran njenang dedak.” Kandhane ibu mbuyarke lamunanku.        
“Nggih buk, mangke riyin, niki nembe  numpangke sego, endhoge niku ajeng njenengan kepeli sakniki napa buk? Mbok mangke mawon, njenengan ki seren rumiyin, njenengan pun diweling kaleh mbak affah mboten angsal kekeselen to?” Ibu mung mesem krungu omonganku. Ibu ki pancen sregeb temenan, apa-apa pengen gek ditandangi, arepo kesel, tetep wae ditandangi.
            Saben yawang bapak lan ibuku sing lagi tenger-tenger nang ngarep tv ndelok berita, iluh iki pengen nrocos terus. Aku ra tega yen dikon omong karo bapak lan ibu wayahe bayar SPP Rp 250.000,00 iki wis cemepak. Duit Rp 250.000,00 paling mung kethok setithik yen dianggep dening wong-wong sugih. Ananging, kanggo keluargaku duit iku akeh banget. Saben wulan kudu ngampet tuku sandang lan pangan sek enak amerga dinggo mbayar SPP sing akehe ora kiro-kiro kuwi.
            Anggone golek rekasa. Kudu ngenteni gabah sik dipeme mau awan kae garing banjur digilingke lan didol marang juragan beras langganane bapak. Durung ditambah mbayar semesterane mbakku sing ora kalah akehe. Untunge, seko kelas siji tekan kelas loro iki aku iso entuk beasiswa “Tidak Mampu” lan beasiswa “Prestasi”. Sithik-sithik iso ngurangi rekasane bapak ibu.
            Saben wayah sholat aku mesthi ndonga, njaluk marang Gusti Pangeran
Bismillahirrohmanirrohim,
Allahummagfirli waliwalidayya warhamhuma kama robbayanis shogiro
Rabbana aatina fiddunya khasanah wa fil akhiroti kasanah waqinaa ngadza banner.
Ya Allah, Gusti ingkang welas asih, kula nyuwun pangapuranipun Panjenengan, ugi wong tuwa kaleh kula.
Ya Allah kula nyuwun, gesang ingkang istiqhomah, Ya Allah kula nyuwun, mbenjang pejah, khusnul khotimah.
***
            Saben wengi aku mesthi sinau, raketan mung sedilit. Aku ijeh kelingan piwelinge ibu, “Dik Putri, kowe kudu dadi bocah sing sregeb, sergeb sinau lan ngibadah. Saben dina kudu bisa ajeg sinau yen kowe pengen tenan dadi wong pinter. Sesuk yen kowe wis dadi wong pinter, kowe wis rasah ndadak nguyak kesuksesan, malah kesuksesan iku sing bakalan nekani kowe. Aja tok lalekke usahane wong tuwamu iki. Wiwit esuk uthuk-uthuk tekan peteng golek duit kanggo kowe lan mbakmu.”
***
            “Dik, mangkat sekolah diterke bapak to kowe?”
            “Enggih bu, lha pripun?”
“Iki endhogke ora lali dicangking yo. Nggone mbak Tuyem wis entek ket wingi palingna, sek nang toko Prima bek dicangking mbak Riya sisan magkat kuliah”
“O nggih, lha mangke wadahe niki pripun?”
“Yo bek dicangking bapakmu wae dik, duite salong tok nggo sangu wae, ibu mung gari duwe duit sepuluh ewu iki. Arep dingo tuku jangan.”
            Kaya biasane, aku diterke bapak ngadang bis. Sak jeke bis pandansimo wis ora tau liwat ngarep omahku, aku saben dina diterke bapak ngadang bis nang prapatan bandung. Sakjane aku ngrasa ora penak yen saben dina bapak kudu ngeterke aku, apa meneh yen mangsa rendeng, angine santer. Ananging yo kepiye meneh. Bapakku pancen pahlawan kanggo aku, usaha apa wae mesthi dilakoni bapak.
***
10 taun saklajengipun
“Mbak Putri, kita angsal pesenan tigan asin 1000 iji saking Bali, kedah dikirim tanggal 4 Juni. Saged mboten?”
“Yo ngko tak rembuge bareng ibu sikek yo yu.” Omongku marang salah siji karyawanku.
            Saiki aku wis bisa diceluk wong sing duwe urip kepenak. 2 taun kepengker aku lan ibuku ngembangke usaha nggawe endhog asin dadi luweh gedhe. Bisa ngedegke pabrik produksi endhog asin nang cerak omahku. Usaha iki tetep dipimpim dening ibu, nanging ibu mung gari ngawasi karyawan-karyawan anggone kerja.
            Sesok September, aku wis bisa entuk gelas Master Of Physics alias aku wis lulus S2 lan aku entuk tawaran beasiswa S3 nang Jerman. Aku uga wis diparingi Gusti jodoh kang tak karepke temenan. Mas Septa, deweke saiki dadi guru olahraga nang SMA Negeri 3 Yogyakarta. Biyen ketemu pas pada-pada ijeh kuliah nang IKIP Malang. Mas Septa kuwi bijak, tegas, lan welas asih marang cah cilik. Kui sing nyebabake aku bisa tresna marang deweke.
            Bapakku saiki uga wis dadi juragan beras, duweni sawah amba sing disewake marang tangga. Dadine, mung lungguh-lungguh nang teras wae iso entuk duit. Mbak Riya wis duwe anak 2, Anti lan Yanta. Cita-citane deweke kawujud, bisa dadi guru geografi nang SMA Negeri 1 Bantul.
            Uripku saiki wis mulya, nanging aku ora lali seko asalku mbiyen. Shodaqoh iku wajib kanggoku. Aku mung anake buruh tani lan wong dodol endog asin. Aku bisa sukses kaya ngene yo merga wong tuwaku. 6 sasi pisan manen gabah, digilingke, banjur didol dinggo bayar sekolah. Bisa disebut yen uripku, sekolahku, lan suksesku lantaran gabah lan endhog asin.
---------------------------------------------------------------------------------------------------------

No comments:

Post a Comment