Sukses Lantaran Gabah lan Endhog
Kekarepanku mung sepele, aku mung
pengen dadi wong sukses banjur bisa mbiyantu lan nggawe seneng bapak ibu. Aku
reti kepiye rekasane bapak ibu golek duit dinggo nyekolahke aku, lan mbakyu
loroku. Raketan, saiki sek diragati mung gari aku lan mbakku nomer loro sing
ijih sekolah nang IKIP Malang, mbak Riya. Uwis wisuda mbakku sek nomer siji,
mbak affah sing wis melu bojone nang Riau lan wis dadi PNS. Nanging tetep wae,
bapak ibu iseh krenggosan anggone golek duit. Lha piye meneh. Bapak ibu nduwei
pangajab supaya bisa ngekolahke anak-anake tekan dhuwur.
Bapak diewangi ibu saben sore golek
suket dinggo pakan sapi, ora mung kuwi, ibuku yo nggawe endhog asin kanggo
nambah mbayar SPP lan dingo tuku jangan. Nek ora disambi nggawe endhog asin,
ora bakal kecukupan urip iki, iku pikire ibuku.
***
“Dik… Dik… reneo, ngewangi ngentas
gabah. Selak udan iki, mbak Riya sisan digugah!” aloke ibu sero kadi latare
tanggaku. Aku gemragap tangi, raketan awakku iseh lungkrah, lagi wae seren
sedilit. Seko esok tekan awan iki, aku lan mbakku ngumbah endhog bebek sing cacahe 300 endhog,
arep diasinke. “Nggih buk.. sekedap,” saurku.
“Mbak, tangi! dikon ibu ngewangi ngentas
gabah, mendunge peteng dedet. Pak tua kayake yo iseh nang tegalan, bapak iseh
nang ngarit.”alokku sambi ngobahke awakke mbakku.
“Kowe wae yo dek sing ngewangi,
awakku masuk angin kayake iki, sek esok nang banyu terus”wangsulane mbakku
sambi nggocek bathuke.
”Yo karepmu mbak..”Aku langsung
mlayu nang pawon golek capil lan serok dinggo ngentasi gabah. Nang papan tepak
pendapa nggone tanggaku sing dinggo mepe gabah, ibuku wis ngukut ngentasi gabah
dewe, wedi ndak gabahe selak kudanan.
“Jupukke sliri gedhe nang pawon dik,
nang nduwur kandang pithik.”
“Kayake pun mboten wonten sliri buk
ten riko.”
“Yo di tileki sikek, gek ayo cepet.”
“Nggih. . .”
Aku mlayu meneh nang pawon golek
sliri, nemu sliri gedhe loro nang nduwur kandang pithik. Banjur mlayu meneh
nang nggone ibu.
“Niki buk..”sambi ngulungke sliri.
“Yo ayo gek dientasi, mah mung
mbejejer wae.”
Kaya ngene yen ibu wis kemrungsung,
gaweane pengen nesu. Aku yo mung meneng wae, ora semaur. Aku kelingan pesene
mbah affah,
”Dik,
nek ibu lagi nyeneni kowe, kowe ki aja wangsulan, ibu ki wis rekasa nggolekke
duit nggo nyekolahke kowe, aja senengane mbantah.” amerga kuwi, aku wis ora tau
mbantah yen diseneni ibu.
Ora krasa, le ngentasi gabah wis
rampung, mung gari ngenteni bapakku njunjung gabah mau banjur dieyupke nang
emperan ngomah. Seko masjid cerak omahku wis krungu adzan ‘asar. Kaya biasane aku
langsung nang pawon, mesusi beras, lan nggodog bayu dinggo gawe wedhang. Mbak
Riya lagi wae njedul nang pawon. Langsung nyepakke pakan nggo pithik, bebek,
lan menthok. Ora keletan suwe, ingon-ingone mbakku wis do nyepak kabeh. Banjur
dilebokke ro mbakku.
***
Kadi adoh, wis krungu suara motore bapak
sing edek-edek. Bapak nggawa suket rong sliri kebak dinggo pakan sapi loro sek
dikandangke nang buri omahe pak tua. Ijeh kelingan aku kepiye mbiyen usahane
tuku motor kae. Arepo udu motor anyar gris seko deler, nanging aku wis seneng
banget duwe motor Astrea kae. Motor
tahun 1994’an kae le tuku pas aku kelas enem SD, Mbak Riya SMA, lan Mbak Affah
kuliah. Aku lan mbakyu loroku ngomong karo ibu yen pengen duwe motor, supaya
bisa dingo sambung rena-rene. Ibu banjur ngendika marang bapak,
“Pak,
mbok usaha tuku motor, raketan ora anyar sek penting iso nggo sambung. Mosok sanak
sedulur, tangga-tangga wis pada duwe motor luweh seko siji, awake dewe siji wae
ora duwe.”
Bapak mung meneng wae. Paling lagi
miker kepriye carane bisa tuku motor yen nek dinggo mbayar sekolah wae mung
ngandalke panenan gabah enem sasi pisan sing hasile ora sepira. Akhire pas kae,
bapak rembugan karo mas Caryo pesen motor second’nan.
Yen
dipikir-pikir, uripe keluargaku pancen rekasa tenan. Arepo bapak wis dadi buruh
tani, buruh suket, lan ngingu sapi sing bathine ora akeh. Sapi siji yen diingu
enem sasi mung entuk bathi paling menthog telung juta. Yen dibandingke karo PNS
sing saben wulan entuk bathi lan tunjangan werna-werna. Apa meneh yen
dibandingke karo DPR, MPR, utawa pegawe pajek sing senengane mangan duite wong
cilik. Sok-sok aku mikir, kapan yo uripku bisa mulya kaya wong-wong kae.
***
“Dik,
aja lali ngerep lompong nggo campuran njenang dedak.” Kandhane ibu mbuyarke
lamunanku.
“Nggih
buk, mangke riyin, niki nembe numpangke
sego, endhoge niku ajeng njenengan kepeli sakniki napa buk? Mbok mangke mawon, njenengan
ki seren rumiyin, njenengan pun diweling kaleh mbak affah mboten angsal
kekeselen to?” Ibu mung mesem krungu omonganku. Ibu ki pancen sregeb temenan,
apa-apa pengen gek ditandangi, arepo kesel, tetep wae ditandangi.
Saben yawang bapak lan ibuku sing
lagi tenger-tenger nang ngarep tv ndelok berita, iluh iki pengen nrocos terus.
Aku ra tega yen dikon omong karo bapak lan ibu wayahe bayar SPP Rp 250.000,00
iki wis cemepak. Duit Rp 250.000,00 paling mung kethok setithik yen dianggep
dening wong-wong sugih. Ananging, kanggo keluargaku duit iku akeh banget. Saben
wulan kudu ngampet tuku sandang lan pangan sek enak amerga dinggo mbayar SPP
sing akehe ora kiro-kiro kuwi.
Anggone golek rekasa. Kudu ngenteni
gabah sik dipeme mau awan kae garing banjur digilingke lan didol marang juragan
beras langganane bapak. Durung ditambah mbayar semesterane mbakku sing ora
kalah akehe. Untunge, seko kelas siji tekan kelas loro iki aku iso entuk
beasiswa “Tidak Mampu” lan beasiswa “Prestasi”. Sithik-sithik iso ngurangi
rekasane bapak ibu.
Saben wayah sholat aku mesthi
ndonga, njaluk marang Gusti Pangeran
“Bismillahirrohmanirrohim,
Allahummagfirli
waliwalidayya warhamhuma kama robbayanis shogiro
Rabbana aatina fiddunya khasanah wa
fil akhiroti kasanah waqinaa ngadza banner.
Ya
Allah, Gusti ingkang welas asih, kula nyuwun pangapuranipun Panjenengan, ugi
wong tuwa kaleh kula.
Ya
Allah kula nyuwun, gesang ingkang istiqhomah, Ya Allah kula nyuwun, mbenjang
pejah, khusnul khotimah.
…
***
Saben wengi aku mesthi sinau,
raketan mung sedilit. Aku ijeh kelingan piwelinge ibu, “Dik Putri, kowe kudu dadi
bocah sing sregeb, sergeb sinau lan ngibadah. Saben dina kudu bisa ajeg sinau
yen kowe pengen tenan dadi wong pinter. Sesuk yen kowe wis dadi wong pinter,
kowe wis rasah ndadak nguyak kesuksesan, malah kesuksesan iku sing bakalan nekani
kowe. Aja tok lalekke usahane wong tuwamu iki. Wiwit esuk uthuk-uthuk tekan peteng
golek duit kanggo kowe lan mbakmu.”
***
“Dik, mangkat sekolah diterke bapak
to kowe?”
“Enggih bu, lha pripun?”
“Iki
endhogke ora lali dicangking yo. Nggone mbak Tuyem wis entek ket wingi palingna,
sek nang toko Prima bek dicangking
mbak Riya sisan magkat kuliah”
“O
nggih, lha mangke wadahe niki pripun?”
“Yo
bek dicangking bapakmu wae dik, duite salong tok nggo sangu wae, ibu mung gari
duwe duit sepuluh ewu iki. Arep dingo tuku jangan.”
Kaya biasane, aku diterke bapak
ngadang bis. Sak jeke bis pandansimo wis ora tau liwat ngarep omahku, aku saben
dina diterke bapak ngadang bis nang prapatan bandung. Sakjane aku ngrasa ora
penak yen saben dina bapak kudu ngeterke aku, apa meneh yen mangsa rendeng,
angine santer. Ananging yo kepiye meneh. Bapakku pancen pahlawan kanggo aku,
usaha apa wae mesthi dilakoni bapak.
***
10 taun saklajengipun
“Mbak
Putri, kita angsal pesenan tigan asin 1000 iji saking Bali, kedah dikirim
tanggal 4 Juni. Saged mboten?”
“Yo
ngko tak rembuge bareng ibu sikek yo yu.” Omongku marang salah siji karyawanku.
Saiki aku wis bisa diceluk wong sing
duwe urip kepenak. 2 taun kepengker aku lan ibuku ngembangke usaha nggawe endhog
asin dadi luweh gedhe. Bisa ngedegke pabrik produksi endhog asin nang cerak
omahku. Usaha iki tetep dipimpim dening ibu, nanging ibu mung gari ngawasi karyawan-karyawan
anggone kerja.
Sesok September, aku wis bisa entuk
gelas Master Of Physics alias aku wis
lulus S2 lan aku entuk tawaran beasiswa S3 nang Jerman. Aku uga wis diparingi
Gusti jodoh kang tak karepke temenan. Mas Septa, deweke saiki dadi guru olahraga
nang SMA Negeri 3 Yogyakarta. Biyen ketemu pas pada-pada ijeh kuliah nang IKIP
Malang. Mas Septa kuwi bijak, tegas, lan welas asih marang cah cilik. Kui sing
nyebabake aku bisa tresna marang deweke.
Bapakku saiki uga wis dadi juragan
beras, duweni sawah amba sing disewake marang tangga. Dadine, mung lungguh-lungguh
nang teras wae iso entuk duit. Mbak Riya wis duwe anak 2, Anti lan Yanta.
Cita-citane deweke kawujud, bisa dadi guru geografi nang SMA Negeri 1 Bantul.
Uripku saiki wis mulya, nanging aku
ora lali seko asalku mbiyen. Shodaqoh iku wajib kanggoku. Aku mung anake buruh
tani lan wong dodol endog asin. Aku bisa sukses kaya ngene yo merga wong tuwaku.
6 sasi pisan manen gabah, digilingke, banjur didol dinggo bayar sekolah. Bisa
disebut yen uripku, sekolahku, lan suksesku lantaran gabah lan endhog asin.
---------------------------------------------------------------------------------------------------------